Contoh Surat Bahasa Jawa

Contoh Surat Bahasa Jawa.

Belgia, 12 Maret 2012

Kegem Bapak lan Ibu
Wonten ing ndalem Solo

Assalamu'alaikum Wr. Wb

Kados pundi kahananipun Bapak lan Ibu ? Mugi - mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah dalem lan putra mantu tansah bagas waras.

Bapak lan Ibu ingkang satuhu kawula bekteni, kenanthenan serat menika, kawula badhe matur bilih dalem Insya Allah badhe wangsul dateng Solo benjang sasi Agustus kinepatan sasi riyaya Idul Fitri. Nyuwun pangestunipun mugi - mugi sedoyo dipun paringi lancar mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedah dalem rampungaken.

Mbok bilih wonten upakarti utawi oleh - oleh ingkang dipun kersakaken saking Belgia, sumonggo dalem aturi telepon dalem. Insya Allah saged dalem padosaken dateng mriki.

Dalem kinten cekap semanten rumiyin serat ingkang putro.

Wassalamu'alaikum wr. wb..

Windarti


You Might Also Like:

Add your comment
Hide comment

Disqus Comments
© 2017 Belajar dan Berbagi - Template Created by goomsite - Proudly powered by Blogger